Wikimedia Foundation elections/Board elections/2009/Committee/jv

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
Pamilihan ditutup ing tanggal 10 Agustus 2009. Swara sing dikirim sawise kuwi ora bakal ditampa.
Asil diumumake tanggal 12 Agustus 2009.
Pamilihan Dewan 2009
Organisasi

Komite Pemilihan Dewan 2009 nglola kabèh organisasi pamilihan miturut kapasitas sing diwènèhaké déning Dewan Pengawas, tanggung jawab langsung marang Dewan, lan bisa mènèhi rekomendasi marang Dewan ngenani pamilihan iki.

Anggota[edit]

Komite dumadi saka para anggota sing dipilih déning Dewan Pengawas kanggo nglaksanakaké pamilihan Dewan Pengawas Wikimedia 2009. Anggota komite kudu para kontributor saka siji utawa luwih proyèk Wikimedia, sing dudu anggota Dewan Pengawas utawa salah siji kandidat, lan ora bisa mènèhi swara jroning pamilihan Pengawas 2009 iki.

Dewan Pengawas wis ngumumaké anggota Komite 2009 ing tanggal 26 Maret 2009, kaya kacetha ing ngisor iki:

Jeneng Basa Asal (zona wektu)
Jesse Plamondon-Willard (Pathoschild) en, fr Montreal, Kanada (UTC-5)
Daniel Bryant en, is-3, ja-2 Adelaide, Australia (UTC+10:30)
Yann Forget fr, en-3, hi-2, gu-1 Haute-Savoie, Perancis (UTC+2)
"Dvortygirl" en, es-1, el-1 California, Amerika Serikat (UTC-7)
Alexandre Emsenhuber fr, en-2, de-2, pt-1 Neuchâtel, Swiss (UTC+2)
"Mardetanha" fa, az, en-3, tr-2, ar-1 Zanjan, Iran (UTC+3:30)
Andrew Garrett en Sydney, Australia (UTC+10)
Philippe Beaudette en Tulsa, Oklahoma, Amerika Serikat (UTC-5)

Tugas[edit]

Komite tanggung jawab ngrencanakaké lan ngayahi pameliharaan sacara virtual saka saben aspek pamilihan Dewan. Umpamané,

  • ngrencanakaké cara pamilihan,
  • nemtokaké kriteria hak pilih lan kriteria kandidat,
  • gawé konsep lan ngorganisasèkaké kabèh kaca pamilihan resmi ing Meta,
  • verifikasi kaabsahan kandidat lan pamililih,
  • audit swara kanggo methèkaké ora ana swara sing duplikat utawa masalah-masalah liyané,
  • lan sapanunggalané.