Fundraising 2007/Video with Jimmy subtitles/Translations/jv

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
1
00:00:05,750 --> 00:00:10,500
Hallo! Kula Jimmy Wales, Pangadeg
Wikipédhia, Ènsiklopédhi bébas.

2
00:00:11,000 --> 00:00:15,000
Wikipédia gumantung kaliyan sumbangan
saking para darmawan satunggal donya

3
00:00:15,250 --> 00:00:17,250
Para priyantun kados panjenengan.

4
00:00:17,750 --> 00:00:21,750
Proyèk Wikipédia wiwit ing taun
2001, lan sampun agé dados

5
00:00:21,750 --> 00:00:24,000
salah satunggiling saking 10 situs panujon utami ing internèt.

6
00:00:25,000 --> 00:00:27,000
Wikipédia basa Inggris punika
Vèrsi Wikipédia ingkang ageng piyambak, nanging

7
00:00:27,000 --> 00:00:29,500
kados pundi kaliyan basa-basa bènten
saking negari-negari berkembang?

8
00:00:30,500 --> 00:00:34,000
Kita prelu kanggé mbiyantu perkembangan
Wikipédia ing basa-basa kados ta

9
00:00:34,000 --> 00:00:36,000
Hindi, Arab, lan Swahili,

10
00:00:36,000 --> 00:00:39,000
basa-basa ingkang para panganggénipun bakal
sanget angsal kauntungan mawi kawruh bébas.

11
00:00:39,500 --> 00:00:44,000
Mangga sapunika cuplikan saking film dhokumentèr
mardika "Truth in Numbers"

12
00:00:46,000 --> 00:00:50,750
Nalika satunggaling laré angsal laptop,
Lajeng wonten gambar Wikipédia

13
00:00:50,750 --> 00:00:54,250
ing basa ibunipun, lan ugi
sakedhik saking Wikipédia basa Inggris.

14
00:00:54,500 --> 00:00:56,250
Gagasan supados sedaya saged tumut ing

15
00:00:56,250 --> 00:00:59,250
dhiskusi kritis kaliyan tiyang sanès
prekawis bab-bab ingkang wonten ing donya,

16
00:00:59,500 --> 00:01:02,500
lan uga sedaya mboten susah nampi punapa wontenipun
kémawon – punika gagasan ingkang hébat.

17
00:01:02,500 --> 00:01:07,750
Salah satunggiling idhé ingkang adhedhasar laptop punika
Kanggé mbikak gagasan-gagasan hébat kanggé para laré,

18
00:01:07,750 --> 00:01:10,000
lan Wikipédia punika salah satunggaling gagasan hébat.

19
00:01:12,250 --> 00:01:17,000
Temtu, sumbangsih kula namung sakedhik,
Nanging sakedhika inggih mesthi saged ngréncangi.

20
00:01:18,500 --> 00:01:25,000
Inggih punika cara kula nyerat ing Wikipédia.
Inggih, punika kathah damelanipun, nanging saged!

21
00:01:26,000 --> 00:01:33,000
Mbokmenawi, kita saged ndhèkèk sedaya ing CD
Lan ngedum ing sekolah-sekolah supados diwaos

22
00:01:34,750 --> 00:01:41,000
Ujug-ujug, Wikipédia dhateng lan wonten puniki,
Jumlah total kawruh manungsa – kula kagèt.

23
00:01:42,000 --> 00:01:44,000
Njenengan ngertos situs wèb Wikipédia?
Inggih, inggih.

24
00:01:44,500 --> 00:01:48,750
Kula ingkang ngadegaken Wikipédia.
Oké, hai! Remen saged kepangging! Situs ingkang hébat ...

25
00:01:49,000 --> 00:01:52,250
Njenengan naté mirsani ... ?
... lan kula asring mendhet saking riku.

26
00:01:52,500 --> 00:01:56,000
Mendhet saking Wikipédia?
Oh, inggih – punapa saged?

27
00:02:04,500 --> 00:02:09,500
Salah satunggiling ingkang kula tandhangi
Punika nulad saisining situs,

28
00:02:09,750 --> 00:02:18,000
inggih Wikipédia, lajeng kula lebetaken komputer
ing kelas ingkang mboten gadhah aksès Internèt.

29
00:02:19,750 --> 00:02:25,000
Menawi wonten langkung kathah kados mekaten
Ing basa Afrika, bakal sanget mbiyantu.

30
00:02:27,000 --> 00:02:30,750
Sayektinipun, situs kados mekaten langkung miguna kanggé
negari berkembang tinimbang negari maju,

31
00:02:30,751 --> 00:02:33,750
awit wonten jurang pamisah,
inggih punika kawruh

32
00:02:33,750 --> 00:02:37,500
lan sanès arta, sanès politik utawi
kakuwasan utawi punapa kémawon, nanging kawruh.

33
00:02:37,550 --> 00:02:42,500
Menawi kita gadhah kawruh, saged
nganggé, jurang punika bakal nyiyut.

34
00:02:43,000 --> 00:02:45,500
lan kita bakal angal masa ngarep
ingkang langkung saé.

35
00:02:48,000 --> 00:02:52,500
Wikipédia sampun ngowahi donya,
Lan mawi dhukungan rutin saking Panjenengan

36
00:02:52,500 --> 00:02:55,500
Leres mboten saged dipunsanjangaken 'napa 'kang saged
dipunusahakaken kanggé masyarakat internasional.

37
00:02:56,000 --> 00:02:59,000
Cobi dipunbayangaken satunggiling donya
Ing pundi sedaya tiyang ing planèt puniki

38
00:02:59,001 --> 00:03:04,250
gadhah aksès bébas nuju
sedaya kawruh umat manungsa.

39
00:03:06,750 --> 00:03:11,402
Kanggé maringi, mangga sowan
donate.wikimedia.org