Image filter referendum/Email/jv

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki

Igkang minulya $username,

Panjenengan saged maringi swanten ing referendum panyingidan gambar, satunggaling referendum kanggé ngempalaken lebetan arupi pamrayogi tumraping pangembangan lan pangginaan fitur pilihan pribadi panyingidan gambar. Fitur punika saged nyawisaken dhumateng para pamaos pilihan sukarila nyaring utawi nyingidaken sawetawis jinis gambar kanggé akunipun piyambak.

Angkahipun supados para pamaos kanthi gampil nyingidaken gambar-gambar ing proyèk-proyèk Wikimedia ingkang boten dipunremeni, nalika sepindhah mirsani utawi salajengipun, langkung stèlan pilihan pribadi. Fitur kasebat kaangkah saged nyawisaken pilihan langkung kathah dhumateng para pamaos, saéngga andadosaken langkung gampil lan prasaja. Kita ugi damel supados nggampilaken para panyunting. Kanggé ngembangaken fitur punika, kita sampun ngripta sawetawis prinsip pangarah, ananging mbetahaken panyaimbangan ing salebeting prosèsipun. Kanggé pikajeng kasebat, kita mbetahaken pitulung panjenengan tumut maringi swanten ing referendum ngéngingi wigatosipun prinsip-prinsip kasebat.

Kanggé informasi salajengipun, mangga mirsani http://meta.wikimedia.org/wiki/Image_filter_referendum/jv. Manawi panjenengan boten kersa pikantuk notifikasi salajengipun, mangga tambahaken nami panganggé panjenengan ing http://meta.wikimedia.org/wiki/Wikimedia_nomail_list.