Image filter referendum/jv

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
Referendum katutup kaping 30 Agustus 2011. Swanten sampun boten katampi malih.
Asilipun kapacak kinten-kinten kaping 1 September 2011.

Referendum penyaringan gambar

Organisasi

Wikimedia Foundation nembé ngawontenaken satunggaling referendum kanggé nyuwun lebetan (input) perkawis pangembangan lan pangginaan fitur kanggé nyingidaken gambar (opt-in personal image hiding feature), ing tembé saged ngidinaken pamaos nyaring jinis gambar tinamtu kanthi sukarila kanggé akunipun piyambak. Fitur kasebat dipun suwun déning Dhéwan Pangawas ing wulan Juni 2011.

Referendum dipunmilai ing tanggal 15 Agustus 2011 lan dipunpungkasi ing tanggal 30 Agustus, lan dipunawontenaken ing peladèn Software in the Public Interest. Katrangan langkung rinci saged dipunpirsani ing kaca-kaca punika.

Saksampunipun maos informasi ngéngingi pamundhutan swanten (voting), klik ing ngriki kanggé insturksi salajengipun.

Latar wingking[edit]

Dhéwan Pangawas sampun ngarahaken Wikimedia Foundation kanggé damel lan nganggé fitur panyingidan gambar pribados.

Angkahipun supados para pamaos saged kanthi gampil nyingidaken gambar-gambar ing proyèk-proyèk Wikimedia ingkang boten dipun kersakaken,kanggé ingkang sapisanan utawi salajengipun langkung sèting pribados. Fitur punika dipun cawisaken supados para pamaos gadhah pilihan langkung kathah lan langkung gampil. Kita ugi damel supados langkung gampil tumraping para panyunting maringi pambiyantu.

Fitur kasebat badhé kabangun kanggé sedaya proyèk lan boten ngicalaken gambar namung nyingidaken miturut kabetahan. Kanggé pambangunan punika sampun katetepaken prinsip-prinsip paugeran, nanging tamtu wonten kirang langkungipun salami prosès pangembangan. Kanggé mbiyantu nggampilaken pangembang, kita nyuwun panjenengan sedaya kanthi tumut ngregengaken pamundhutan swanten punika.

Punapa wigatosipun?[edit]

Ing salebeting lapuran Harris 2010, kalih pamrayogi (inggih punika wulir 7 lan 9) supados nyiptakaken cara supados para pamaos saged nyingidaken gambar ingkang boten kepingin dipunpirsani; lan supados wonten pilihan tumrap para pamaos nyingidaken sedaya isi ingkang potènsi kontrovèrsial.

Wonten sawetawis alesan kanggé ngawontenaken fitur kados punika. Gambar-gambar porno lan kakerasan sejatosipun arupi komponèn wonten ing proyèk-proyèk supados saged ngebaki kawajiban minangka sumber kabuka, bébas lan kanggé pendhidhikan. Senaos makaten, gambar-gambar kasebat –kados gambar lan praktèk sèsual utawi kuburan masal lan jisim ingkang kapotong-potong –tamtu saged ngganggu pamirsa utaminipun ingkang taksih timur. Angkahipun fitur punika saged mbiyantu supados boten kacolongan, kanthi nyingidaken gambar-gambar lan namung saged katingal nganggé printah sanès. Ing donya Wikimedia, perkawis punika dipun wastani prinsip ngédhani kacolongan.

Sanèsipun punika, kita percanten bilih printah wau namung nundha lan boten nyegah penampilan gambar-gambar kasebat. Aksès dhumateng informasi ing situs Wikimedia Foundation kedah namung ngidinaken sacekapipun kanggé ngebaki tanggung jawab ngurmati lan nglayani para pamaos. Panundhaan mirsani gambar lan boten nyingidaken sacara total, kintenipun saged ngebaki tanggung jawab kasebat.

Punapa ingkang badhé dipuntakènaken?[edit]

Wonten ing skala 0 ngantos 10, manawi 0 ateges nentang sanget, 5 maknanipun nétral lan 10 maknanipun sarujuk sanget, panjenengan badhé dipunsuwun maringi pamanggih dhumateng pitakènan kados pundi wigatosipun perkawis punika:

  • tumrap proyèk-proyèk Wikimedia nyawisaken fitur punika dhumateng para pamaos.
  • punapa fitur kasebat saged kaanggé déning pamaos ingkang mlebet log utawi boten.
  • punapa panyingidan saged dipunwangsulaken: pamaos kedah kadhukung manawi badhé saged mirsani malih.
  • pamaos saged nglapuraken utawi nandhani gambar ingkang kaanggep kontrovèrsial, ingkang dèrèng kalebetaken dhumateng kategori kasebat.
  • punapa fitur ngidinaken pamaos saged kanthi cepet lan gampil milih tipe lan gambar pundi ingkang badhé kasingidaken (e.g., 5–10 categories), saéngga pamaos saged milih upaminipun nyingidaken gambar-gambar sèks nanging boten gambar-gambar kakerasan.
  • punapa fitur saged nétral ing budaya (sasagedipun kaangkah nedahaken pandulu global utawi multi-budaya saking gambar inkang saged arupi kontrovèrsi).

Panjenengan ugi kagungan pilihan kanggé nyatakaken manawi kirang informasi kanggé maringi jawaban.

Kadospundi wujudipun panyingidan gambar?[edit]

Amargi pangembangan panyingidan gambar dèrèng dipunmilai, pramila namung mock-up lan desain ingkang wonten. Punika saged dipunéwahi miturut asil referendum, ananging kadosipun asil pungkasan badhé katingal kados punika. Mock-up punika nganggé tigang cara utami supados pamaos saged ngéwahi saking sèting: navigasi, gambar, lan saking gambar ingkang kasingidaken. Screenshot nedahaken kadospundi panyingidan gambar tumrap panganggé anonim.

Paugeran[edit]

Hak[edit]

Panyunting

Panjenengan saged maringi swanten saking akun kadhaptar panjenengan ing Wikimedia wiki (panjenengan namung pikantuk milih sapindhah, senaos kathah kagungan akun). Akun kasebat kedah:

  • boten pinuju dipunblokir ing langkung saking satunggal proyèk; lan
  • boten dipunblok wonten ing wiki ingkang kaanggé ngintun swanten; lan
  • boten arupi satunggiling bot; lan
  • kagungan sakbotenipun 10 suntingan sadèrèngipun 1 Agustus 2011 ing proyèk Wikimedia (panyuntingan ing sawetawis wiki saged dipungunggung manawi akun panjenengan akun global)
Pangembang

Pangembang MediaWiki saged ndhèrèk maringi swanten manawi:

  • minangka administrator peladèn Wikimedia kanthi aksès shell; utawi
  • kagungan aksès commit dhumateng SVB Wikimedia lan paling boten kagungan satunggal commit.
Staf lan kontraktor

Staf lan kontraktor Wikimedia Foundation saged ndhèrèk maringi swanten manawi sampun mlebet nyambutdamel sadèrèngipun tanggal 1 Agustus 2011.

Anggota dhéwan lan anggota dhéwan penasihat

Anggota lan mantan anggota Dhéwan Pangawas lan Dhéwan penasihat saged tumut maringi swanten.

Kados pundi caranipun maringi swanten[edit]

Manawi panjenengan kagungan hak milih:

  1. Waos pitakènan lan temtokaken pilihan.
  2. Pirsani ing wiki panjenengan. Ing papan pamadosan, ketikaken Special:SecurePoll/vote/230. Tuladha, manawi panjenengan aktif ing meta.wikimedia.org, mlebet ing meta.wikimedia.org/wiki/Special:SecurePoll/vote/230.
  3. Klik "Go to the voting server". Punika bakal ngarahaken dhumateng SPI server kangge maringi swanten.
  4. Salajengipun tumut instruksi ing kaca kasebat.

Panjenengan kedah ngaktifaken cookies ing wikimedia.amellus.net supados dipunkenali déning voting interface, sabab manawi boten panjenengan badhé pikantuk pesen error. Manawi panjenengan pikantuk pesen "Sorry, you are not in the predetermined list of users authorised to vote in this election.", panjenengan wonten ing wiki ingkang bènten: cobi aksès "Special:SecurePoll" saking wiki ing pundi panjenengan aktif.

Organisasi[edit]

Jadwal[edit]

  • 2011-06-30: wara-wara; tahap panerjemahan kawiwitan.
  • 2011-07-25: macak princèn referendum land FAQ; tahapan panerjemahan utami kawiwitan.
  • 2011-08-08: kedahipun sedaya panerjemahan sampung rampung.
  • 2011-08-15: referendum kawiwitan.
  • 2011-08-17: Wiwit ngintun mail (kanggé ingkang kagungan hak nanging dèrèng opted out)
  • 2011-08-30: referendum dipunpungkasi; pangecèkan gunggung swanten.
  • 2011-09-01: pangumuman asilipun.

Panerjemahan[edit]

Supados komunitas Wikimedia saged maringi swanten ing referendum punika, dipunperlokaken nerjemahaken wara-wara lan informasi ngéngingi referendum dhumateng basa sanès. Kanggé mbiyantu nerjemahaken, pirsani kaca panerjemahan. Manawi panjenengan wicanten ing basa sanès, kita ngaturaken gunging panuwun dhumateng pambiyantunipun.