Translation requests/WMF/Inside Wikimedia Video Dec 2008/jv

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki

Note: It is not easy to update these translations, so they should be triple-checked before being marked as "ready" for publishing.

1
00:00:11,189 --> 00:00:17,325
Wikimedia Foundation kuwi organisasi ing saburiné Wikipedia lan wolung proyèk informasi gratis liyané.

2
00:00:17,968 --> 00:00:22,733
Situs wèb kita gedhé banget lan populèr tenan. Kita wis dadi situs wèb kaping papat ing donya.

3
00:00:22,632 --> 00:00:26,595
Ana 250 yuta wong sing migunakaké saben wulan, lan kita kuwi sawijining organisasi tanpabathi.

4
00:00:26,736 --> 00:00:28,354
Iki minangka sawijining atmosfir semangat sing ngédap-édapi.

5
00:00:28,970 --> 00:00:32,388
Bab pisanan sing tak érami nalika sepisanan terjun ing Wikimedia Foundation yakuwi iba sethithiké cacahing karyawan ing kana. 

6
00:00:32,632 --> 00:00:38,519
Akèh wong manawa bakal mikir yèn Wikimedia Foundation kuwi organisasi sing cukup gedhé, kanthi editor lan pengembang sing akèh banget - nanging nyatané ora.

7
00:00:38,642 --> 00:00:42,735
Nalika pisanan nyambutgawé ing Wikimedia Fondation, tak-kira aku bakal dumunung ana ing sawijining organisasi sing gedhé banget

8
00:00:42,963 --> 00:00:45,493
lan nyatané nalika aku mlebu wektu iku mung ana watara wong lima waé.

9
00:00:53,149 --> 00:00:57,691
Bagéyan sing gedhé saka apa sing kita ayahi lan sebagéyan gedhé aji sing diciptakaké kanggo organisasi lan proyèk-proyèké 

10
00:00:57,998 --> 00:01:00,680
diayahi déning rélawan-rélawan saka saindhenging donya.

11
00:01:00,927 --> 00:01:03,804
Ing kantor iki ana staf sing cacahé wong 23

12
00:01:04,127 --> 00:01:08,491
lan apa sing kita ayahi ngréwangi lan nyekuyung para rélawan iku lan pegawéyan sing diayahi déning para rélawan mau. 

13
00:01:11,796 --> 00:01:15,473
Kita ing San Francisco arupa bagéyan sing paling cilik - komunitas sing sabeneré pancèn luwih gedhé.

14
00:01:16,651 --> 00:01:20,169
Wektu iki kawruh wis kasedyakaké sacara bébas kanggo masarakat luwih amba tinimbang saka sadurungé.

15
00:01:20,648 --> 00:01:23,885
Wikipedia kasedyakaké jroning 264 basa.

16
00:01:24,363 --> 00:01:31,894
Bagéyan paling gedhé saka pegawéyanku yakuwi njembaraké partisipasi saka Wikipedia jroning manéka vèrsi basa. 

17
00:01:32,086 --> 00:01:33,622
Kita kepéngin njembaraké partisipasi.

18
00:01:33,756 --> 00:01:38,885
Kita kepingin nggayuh klompok-klompok tinamtu lan nyurung para pamaca ing klompok-klompok mau supaya uga dadi éditor. 

19
00:01:39,093 --> 00:01:41,802
Kita nyambutgawé karo maèwu-èwu rélawan.

20
00:01:42,308 --> 00:01:45,986
Para rélawan ora dibayar kanggo ngayahi kabèh iki; lan nglakoni amarga dhèwèké nresnani proyèk iki. 

21
00:01:46,784 --> 00:01:49,294
Siji sing ora dimangertèni déning akèh wong yakuwi yèn -para rélawan- bisa nyunting.

22
00:01:49,689 --> 00:01:54,833
Wikipedia wis dadi ikon kanggo kawruh bébas. Tanpa iklan. 

23
00:01:54,993 --> 00:01:57,145
Aku ndeleng ana tuladha apik ing pegawéyan sing tak ayahi. 

24
00:01:57,409 --> 00:01:58,574
Sakbeneré kita meruhi anané guna saha paédahé. 

25
00:01:58,572 --> 00:02:00,071
Iki sawijining gerakan global. 

26
00:02:00,216 --> 00:02:01,135
Lan gratis.

27
00:02:01,077 --> 00:02:05,231
Kita ngupaya mènèhi informasi bébas marang kabèh wong - ing  ngendi waé ing salumahing bumi iki.