Jump to content

Adipusaka

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki


Pendhapa


Panitya


Titi Mangsa


Dhokumèntasi


Lokakarya


Artikel


Wikidata


Gladri


Publikasi


Pendhapa
ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦥ


"M"
iturut pasal 4 UU Nomer 11 Taun 2010 babagan Cagar Budaya, cakupan anggoné nguri-uri yaiku pangreksan, pangrembakan, lan kapigunan. Nanging, anané cagar budaya nganti sepréné isih kurang dimangertèni déning masarakat. Généya ana, kawruhing masarakat babagan cagar budaya kang katon yaiku citra kang ala, kaya ta kuna, kumuh, reged, angker, utawa kahanan liya kang sekirané ora narik kawigatèn. Pambudidaya anggoné nglesatrèkaké cagar budaya ing Indhonésia pancèn mbutuhaké patembayatan bebarengan, ngèlingi yèn isih akèh warisan budaya kang durung katetepaké minangka cagar budaya.

Adhedhasar rèng-rèngan kang diperkolèh saka Kamantrèn Wiyata lan Kabudayan (Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan), Pamaréntah Kabupatèn Sléman wis netepaké objèk cagar budaya, yaiku:

Cagar budaya iku mau wus kacathet minangka pérangan parumatané instansi ginayut. Éwa semono, mung sethithik péranganing objèk cagar budaya kang wis rinèngrèng ing Wikimedia Commons. Kajaba iku, artikel bab cagar budaya ing Kabupatèn Sléman kang ana ing Wikipédia basa Jawa iku gunggungé isih winates, yaiku mung ana 15 artikel – isih durung ana separo saka cacah sekabèhané, apa manèh sekabèhaning artikel iku mau isih arupa artikel rintisan satemah informasi kang bisa katampa déning para maos iku mung sethithik.

Lumantar proyèk Adipusaka, tim nduwèni gagasan kanggo ngrèngrèng (documenting) objèk cagar budaya kang ana ing Kabupatèn Sléman. Targèté yaiku bisa ngasilaké dhokumèntasi 60 objèk cagar budaya, lan saben-saben objèk bisa kajupuk sethithiké 4 poto. Tundhoné gunggung poto kang bakal diunggah menyang Wikimedia Commons ngancik 240 iji. Lumantar asiling pakaryan iki masarakat kaajap bisa luwih gampang anggoné ngaksès, lan anané dhokumèntasi iki bisa dadi dhasar anggoné ngrembakaké artikel ing Wikipédia basa Jawa. Laku kaya mangkono iku bisa dadi sarana kanggo mèlu awèh pasumbang anggoné nguri-uri lan nepungaké warisan budaya ing Kabupatèn Sléman marang brayat agung, mliginé para kadang tumaruna.

Anggoné mbabar utawa publikasi iku beciké migunakaké sarana kang jumbuh kalawan kabutuhaning masarakat lan bisa awèh informasi kang narik kawigatèné. Salah sijié yaiku lumantar Wikipédia. Senajan Wikipédia iku dianggep ora bisa dadi sumber rujukan resmi, nanging artikel kang ana ing jeroné iku bisa dadi gapura tumuju panalitèn sabanjuré, aksès data, lan panetepan wangunan sajarah minangka cagar budaya.

Tim uga marsudi ngajak para naralila anyar amrih bisa mèlu nulis lan ngganepi artikel bab cagar budaya ing Wikipédia basa Jawa. Targèt gunggung naralila anyar kang bisa dadi panyarta lokakarya nulis artikel yaiku ngancik 30 wong. Poto-poto kang wis diunggah menyang Wikimedia Commons tundhoné bakal dipigunakaké déning para panyarta lokakarya kanggo ngimbuhi informasi artikel bab cagar budaya, satemah bisa nyengkuyung anggoné nguri-uri kabudayan lokal lumantar platform digital.

꧋ꦏꦿꦶꦝꦤꦶꦁ​​ꦲꦠꦶ​ꦲꦺꦴꦫ​ꦧꦶꦱ​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦝꦃ​ꦏꦸꦛꦤꦶꦁ​​ꦥꦼꦱ꧀ꦛꦶ꧉​

Kridhaning ati ora bisa mbedhah kuthaning pesthi.