Image filter referendum/FAQ/jv

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
Referendum katutup kaping 30 Agustus 2011. Swanten sampun boten katampi malih.
Asilipun kapacak kinten-kinten kaping 1 September 2011.

Referendum penyaringan gambar

Organisasi

Punika kaca ngéngingi dhaptar pitakènan ingkang asring kawedal lan wangsulanipun. Pitakènan mligi lan dhiskusi sanèsipun kawadhahan ing Talk:Image filter referendum.

Punapa fitur panyingidan gambar personal punika?[edit]

Fitur panyingidan gambar personal maringi para panganggé ingkang mlebet log utawi boten mlebet log supados saged kanthi gampil nyingidaken gambar ingkang boten dipun kersakaken ing proyèk-proyèk Wikimedia.

Punapa dhasaripun damel fitur punika?[edit]

  1. Punika namung fitur pilihan (opt-in only feature). Sedaya isi Wikimedia tetep ngamot sedaya isi ingkang sampun wonten. Fitur punika kaaktifaken manawi sedaya isi sampun kaamot, lan namung manawi kasuwun déning panganggé.
  2. Punika arupi satunggiling sistem personal. Kaputusan panjenengan namung tumrap kabetahan panjenengan kémawon.
  3. Gambar-gambar boten saged kabusek nganggé fitur punika, namung kasingidaken. Satunggiling printah prasaja saged ngedalaken sedaya gambar malih.
  4. Fitur kedah nétral sacara budaya lan kedah pepak (all-inclusive).
  5. Prinsip sasgedipun ngéndhani kagumunan utawi kakagètan minangka dhasar kanggé ngembangaken fitur punika.

Punapa maknanipun prinsip ngéndhani kagumunan utawi kakagètan?[edit]

Prinsip ngéndhani kagumunan utawi kakagètan maknanipun panganggé sasagedipun boten naté kagèt ningali isi situs Wikimedia ingkang boten dipunkinten. Manawi panjenengan ngeklik satunggiling artikel ngéngingi ngepit, panjenengan boten ngajeng-ajeng ningali tiyang ingkang boten nganggé rasukan nembé nitih pit. Manawi panjenengan ngeklik artikel ngéngingi kunci, panjenengan boten ngajeng-ajeng mirsani gambar grafik - upaminipun - ingkang magepokan kaliyan sèks. Fitur panyingidan gambar nawisaken supados panjenengan mutusaken piyambak kanggé ngirangi kamungkinan kados punika.

Kados pundi fitur punika?[edit]

Panganggé – ingkang mlebet log utawi boten – saged milih saking kategori ingkang sampun kacawisaken, gambar pundi ingkang badhé kasingidaken ing kaca-kaca Wikimedia. Panganggé ugi saged nyingidaken gambar-gambar ing kategori kasebat nalika muncul kaping sapindhah. Kaputusan punika saged dipun éwahi utawi dipunwangsulaken sawayah-wayah. Gambar-gambar ingkang kasingidaken saged dipunmunculaken malih kanthi gampil.

Gambar punapa ingkang saged kasingidaken?[edit]

Gambar ingkang saged kasingidaken dipun klompokaken ing sawetawis kategori. Komunitas ingkang nemtokaken struktur kategori lan nemyokaken gambar pundi ingkang kalebetaken ing kategori punika.

Punapa latar wingking pambangunan fitur panyingidan gambar?[edit]

The Board of the Wikimedia Foundation asked the Foundation and community to design and implement this feature this past May for inclusion on all Wikimedia projects, as part of their resolution on controversial content.

That resolution was the Board’s response to the Report on Controversial Content that was commissioned last summer to help the Board and community come to grips with issues surrounding this type of content on Wikimedia projects, an issue long discussed within the projects. The introduction of a feature like the personal image hider was one of the recommendations of that report. The decision to survey editor reaction to the feature by way of a referendum was the Foundation’s.

Kados pundi fitur punika mrebawani dhumateng cara damel kaputusan ngéngingi isi ing proyèk-proyèk Wikimedia?[edit]

Fitur punika boten mrebawani babar pindhah. Fitur punika boten nemtokaken isi pundi ingkang wonten ing situs Wikimedia. Komunitas Wikimedia, miturut kawicaksanan lan paugeran ingkang sampun wonten ingkang nemtokaken. Fitur panyingidan gambar personal namung ngidinaken pamaos lan panganggé sanèsipun supados saged milih mirsani isi ingkang dipunremeni.

Kénging punaka kedah dipunawontenaken?[edit]

Fitur punika dipunawontenaken kanggé ningkataken pilihan lan tataran kapuasan sok sintena ingkang ngginakaken proyèk-proyèk Wikimedia. Ing pangangkah fitur punika saged ningkataken pangginaan proyèk-proyèk Wikimedia ing saindhenging donya. Amargi fitur punika saged ningkataken pilihan sawetawis pamaos tanpi mrebawani dhumateng pilihan tiyang sanès, pramila andadosaken kita saged nglayani para pamaos kanthi cara ingkang langkung rèsponsif.

Punapa fitur panyingidan gambar personal punika arupi tindak panyènsoran?[edit]

Boten. Fitur punika namung mrebawani cara mirsani pamaos ingkang nganggé kémawon lan namung kanggé pamaos kasebat piyambak. Fitur punika boten mrebawani dhumateng pamaos sanèsipun. Isi pepak Wikimedia taksih wonten kanggé pamaos ingkang mbetahaken. Boten wonten isi ingkang kabusek saking proyèk-proyèk Wikimedia déning fitur punika, senaos tumrapin pamaos ingkang mgaktifaken fitur punika. Isi tinamtu namung kasingidaken sawetawis wekdal.

Punapa dhasar pitakènan ingkang kaajokaken ing referendum?[edit]

Desain fitur panyingidan gambar personal taksih wonten ing tahap wiwitan. Karya wiwitan punika saged dipunpirsani ing mw:Personal image filter. Fitur punika migunakaken prinsip-prinsip tinamtu. Sadèrèngipun nglajengaken ngrancang desain, kita ngajeng-ajeng pamrayogi panjenengan ngéngingi wigatosipun prinsip-prinsip kasebat. Lebetan punika saged dados paugeran tumrap pangembangan salajengipun, kanthi partisipasi saking komunitas sedaya.