User:Elitre (WMF)/Prakarsa panjurung

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
This page is a translated version of the page User:Elitre (WMF)/Boost initiative and the translation is 79% complete.

Translators: please note that message documentation (that is, "instructions") is available for some of the following units. Please allow a few seconds for it to load when you enter the translation interface.

Ngapiki panjurung pertalan tumrap Wikipédia Jawa

Piranti Pertalan Kontèn wis kasil njurung pambudidaya pertalan tumrap akèh paguyuban Wikipédia, lan awak dhéwé péngin kekanthèn karo para kang mbesut ing Wikipédia Jawa lumantar prakarsa anyar saperlu ngapiki piranti iku kanthi dhedhasar kabutuhaning kowé kabèh kang mirunggan.

Pertalan Kontèn nggampangaké anggoné nggawé artikel Wikipédia kanthi mertal kontèn saka basa liya. Pirantiné wis kaanggo nggawé satengah yuta punjul artikel. Aliya saka iku, pirantiné ngemu tata-cara supaya wong padha nggawé kontèn kang mutuné apik, lan ngéndhani anggoné mbabar pertalan mesin kang mutuné kurang. Lumrahé, paniti priksané awak dhéwé miyak yèn artikel pertalan cilik kamungkinané kabusek tinimbang artikel kang kagawé saka nul.

Para kang mbesut ing Wikipédia Jawa wis nganggo Pertalan Kontèn saperlu nggawé 1.417 artikel. Kanthi nglelimbang gedhéning paguyuban kang mbesut, awak dhéwé mikir yèn ana kamungkinan nganggo pertalan saperlu nggawé artikel luwih akèh, ngembangaké artikel kang wis ana, lan narik kawigatèné para kang mbesut anyar kang isih ajar supaya nggawé besutan kang ana asilé. Pertalan bisa nulungi paguyuban anggoné nyuda let antaraning basa lan ngundhakaké cacah para kang mbesut terus-terusan. Saperlu nyandhak gegayuhan iki, awak dhéwé péngin kekanthèn karo kowé saperlu:

  • Nggawé pertalan kontèn luwih katon ing Wikipédia Jawa. Iki gegayutan karo nggawé pirantiné cumawis kanthi baku, meruhaké pirantiné dadi luwih katon ing papan-papan kang gegayutan, nyuda let kontèn kang gegayutan, lan nglarasaké pambudidayané supaya mathuk karo kabutuhaning paguyuban. Kanthi cara iki, luwih akèh para kang mbesut bakal bisa nemu kontèn magepokan kang arep dipertal.
  • Njembaraké rembuging kontèn tumrap artikel kang wis ana. Gagapi manéka gagasan saperlu njangkepi artikel kang wis ana sarana mertal pérangan-pérangan anyar. Cara iki bisa nggampangaké anggoné njembaraké rembuging artikel kang wis ana kanthi cara ngrembug luwih rinci.
  • Njurung pertalan ing luwih akèh piranti. Jurung pertalan saka piranti-piranti obah supaya luwih akèh sarana kanggo nyenyumbang lan luwih akèh kang bisa mèlu nyenyumbang saka piranti apa waé.

Awak dhéwé péngin andum pandon luwih dhisik marang paguyuban. Rerincèning jangkah-jangkah sabanjuré bakal kinukuhan minangka péranganing kekanthènan karo paguyuban iki, lan uga ngrancang anggoné miwiti pambudidaya panalitèn saperlu ngertèni kabutuhan mirungganing paguyuban.

Minangka jangkah mula-buka awak dhéwé péngin ngrungu panemumu bab iki:

  • Apa gagasan supaya ngapiki panjurung pertalan mawa cara kang katulis ing ndhuwur bakal njanjèni minangka sarana kang bisa ajeg kanggo nuwuhaké Wikipédia Jawa?
  • Apa kowé duwé uneg-uneg kang kudu awak dhéwé sumurupi?

Kandhani awak dhéwé bab panemumu tumrap prakarsa usulan iki lan aja isin-isin awèh tanggepan ing taler parembugan iki.

We'd like to hear from you

Hi User:Elitre (WMF)/Boost initiative/jv,

The Language team is starting a new initiative to expand the use of translation to help the <wiki> community and others to grow. Your feedback is very important for us since you have been creating a good number of translations with the Content translation tool. Please join the conversation on your local community page or the project talk page at mediawiki.org, and provide your impressions. Thanks! On behalf of the Language team.