Wikimedia Foundation elections/Board elections/2009/Vote interface/jv

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
Pamilihan ditutup ing tanggal 10 Agustus 2009. Swara sing dikirim sawise kuwi ora bakal ditampa.
Asil diumumake tanggal 12 Agustus 2009.
Pamilihan Dewan 2009
Organisasi

Title[edit]

Pamilihan Dewan Pengawas Wikimedia, 2009

Jump text[edit]

Pamilihan iki bakal dianakake ing peladen sing dioperasekake dening SPI. Klik tombol ing ngisor kanggo pindhah menyang peladen pamilihan.

Introduction[edit]

Sugeng rawuh ing Pamilihan Dewan Pengawas Wikimedia 2009. Kita bakal milih telung anggota kanggo makili komunitas para panganggo ing maneka proyek Wikimedia. Anggota iki bakal nemtokake arah mangsa ngarep proyek-proyek Wikimedia, sacara individu lan klompok, lan makili kapentingan panjenengan lan kawigaten marang Dewan Pengawas. Anggota iki bakal mutusake cara kanggo golek pametu lan alokasi anggaran.

Mangga diwaca pratelan para calon lan respon marang pitakonan sadurunge menehi swara. Saben calon arupa panganggo sing kinurmatan, sing wis menehi kontribusi wektu lan upaya kanggo gawe proyek iki dadi lingkungan sing nyaman sing duwe tekad bakal nyebar kawruh sacara bebas.

Mangga diurut para calon miturut pilihan panjenengan kanthi ngisi angka ing sisihe kothak (1 = calon favorit, 2 = favorit kaloro, ...). Panjenengan bisa menehi preferensi sing padha marang luwih saka siji calon lan bisa ora menehi peringkat marang calon.

Dianggep panjenengan luwih milih para calon sing dirangking tinimbang sing ora dirangking lan sing ora dibedakake antara para calon ding ora dirangking.

Pamenang saka pamilihan iki bakal diitung migunakake metode Schulze. Kanggo informasi luwih pepak, pirsani kaca resmi pamilihan.

Kanggo informasi luwih pepak mangga pirsani: