Stewards/elections 2011/Guidelines/jv

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
Kaca iki mbimbing para panganggo sing minat jroning pamilihan utawa kepingin dadi kandidat jroning pamilihan steward. Supaya maca saben bagéan ing ngisor.

Pamilih[edit]

Sadurungé duwé hak milih, panjenengan kudu:

  • nduwèni akun ing Meta (wiki iki);
  • nduwèni akun global (utawa sawijining akun meta kanthi kaca panganggo kagandhèng marang kaca wiki utama Panjenengan, lan tambahaké tautan menyang akun meta saka kaca awal panganggo wiki);
  • ora migunakaké akun kanggo tugas sing otomatis (bot);
  • wis gawé 600 suntingan sadurungé 01 February 2011 (ing siji wiki, utawa suntingan unified wikis sing bisa dikombinasi);
  • wis gawé paling ora 50 suntingan antara 01 February 2011 lan 31 January 2011 (ing wiki sing padha karo ing dhuwur , utawa nyunting ing unified wikis bisa dikombinasi).

Panjenengan bisa mriksa persyaratan Panjenengan sacara otomatis.

Penerjemah[edit]

Supaya bantu nerjemahaké kaca-kaca iki jroning basa Panjenengan:

  • Pambuka (bagéan paling dhuwur saka kaca pamilihan);
  • kaca iki: pirsani boks translasi ing sisih tengen;
  • candidate statements: pirsani pranala terjemahan ing ngisor saben heading;
  • PemberitahuanTerpusat: lihat translation page.

Saran marang partisipan[edit]

  • Panjenengan bisa ngajokaké pitakonan marang Stewards/elections 2011/Questions.
  • Panjenengan bisa nambahaké pitakonan cekak (paling akèh siji utawa rong larik) sing njelasaké swara panjenengan.
  • Panjenengan uga bisa mènèhi weruh panganggo liya sing manawa katarik kanggo partisipasi jroning pamungutan suara

Kandidat[edit]

Persyaratan[edit]

Sadurungé ngajokaké dhiri kanggo dadi steward, Panjenengan kudu:

  • Nyekel utawa nduwèni hak administrator sing dianakaké ing siji proyèk Yayasan Wikimedia kanggo jangka waktu saorané telung sasi.


(Panjenengan bisa ngecèk persyaratan ing dhuwur sacara otomatis.)

Uga, sebab karya steward bisa nyebabake konsekwensi hukum lan nyangkut kawicaksanan (pirsani checkuser lan oversight), panjenengan kudu:

  • wis umur 18 taun, utawa saorané wis umur padha karo mayoritas umur ing negara Panjenengan, sadurungé dina pungkasan dina pamungutan swara;
  • provide your full name and proof of identity to the Wikimedia Foundation.

Stewards apiké nguwasani akèh basa, sebab karya steward kerep nyangkut proyek maneka basa, ananging bab iki ora wajib. Steward uga sapantese tansah siap nalika dibutuhake. Kawicaksanan steward mènèhi wates; upamane, steward ora kena migunakake aksèse ing proyek panggonan steward mau aktif, kanggo nyegah konflik interès, lan dianjurake ngawasi lan mabntu ing kaca panyuwunan dadi steward. Para steward uga gabung kanal IRC #wikimedia-stewardsconnect ing freenode kanggo njawab panyuwunan.

Steward sing ora aktif bakal kèlangan aksèsé.

Aplikasi[edit]

Yèn Panjenengan kepingin ngajokaké dhiri Panjenengan minangka salah siji kandidat, supaya nuruti langkah-langkah ing ngisor.

Nyatakaké pengajuan dhiri Panjenengan lan gawénen kaca kanggo milih[edit]

  • Gawé sawijining subkaca (buka waé lan klik simpen kaca (save page))

  • Owahi kaca kasebut kanthi informasi:
    • jeneng asli Panjenengan (opsional);
    • pranala menyang akun panganggo Panjenengan ing Meta lan pranala menyang akun aktif sing ngebaki prasyarat.
    • dhaptar basa sing bisa Panjenengan waca lan tulis, migunakaké steno basa-independen Wikipedia, kaya "fr-3" (lihat {{user language}}).
    • ringkesan cekak ngenani partisipasi Panjenengan ing Wikimedia Foundation. Saka kepinginan tinamtu arupa aksès pangurus utawa birokrat, pekerja sukarela kaya anggota tim penanggap surel utawa Komite Arbitrasi, utawa informasi apa waé sing Panjenengan pikir relevan. Panjenengan bisa maca pernyataan saka berkas kandidat liya kanggo ide liyané.
  • Saiki, gawénen kaca pamungutan swara Panjenengan (ora perlu ngowahi apa-apa, gawé waé kacané):

  • Nalika Panjenengan wis ranpung ngayahi bab kuwi, tambahaké dhiri Panjenengan jroning kaca indeks pernyataan (kanthi {{/Jeneng panganggo Panjenengan}}) lan kaca pernyataan lan pamungutan swara (kanthi {{:Stewards/elections 2011/votes/Jeneng panganggo Panjenengan}}), tambahaké sawijining bagéan menyang kaca pitakonan lan dhaptaraké subkaca Panjenengan menyang kaca pamungutan swara kanthi nambahaké tèks ing ngisor jroning urutan abjad: "{{se2011 candidate indexer|Jeneng panganggo Panjenengan}}". Tim pekerja sukarela bakal nambahaké terjemahan jroning manéka basa ing kaca kasebut kanggo Panjenengan.

Siapkan bukti idhèntitas[edit]