Setèl ulang tembung wadi

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
This page is a translated version of the page Security/Password reset and the translation is 100% complete.

Kita tembé ngalami masalah. Ana wong ngrusak sing kasil mbobol akun-akun wiki mawa hak-hak naraguna mirunggan (contoné admin, birokrat, pangawas, pamriksa). Kayané masalah iki amarga naraguna nganggo tembung wadi sing gampang dibobol.

Anggota paguyuban nembé ndandani iki bebarengan karo anggota manéka werna tim ing Yeyasan Wikimedia.

Ing wektu iki, kabèh naraguna prayogané niliki tembung wadiné akun wikiné dhéwé-dhéwé. Manawa panjenengan sumerep yèn panjenengan nganggo tembung wadi sing gampang, utawa nganggo tembung wadi sing wis kanggo ing sana liya, panjenengan kapurih ngganti tembung wadi iku.

Pilih tembung wadi sing angèl kanthi karakter cacah wolu utawa punjul sing dumadi saka huruf, angka, lan tandha waca.