Tantangan WikiTeroka 2.0

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
This page is a translated version of the page Tantangan WikiTeroka 2.0 and the translation is 98% complete.
Outdated translations are marked like this.
Spanduk WikiTeroka 2.0
Spanduk WikiTeroka 2.0
Sugeng rawuh ing kaca Tantangan WikiTéroka 2.0!
"W"
ikimèdia Indonésia nganakaké manèh tantangan nulis mligi ing Wikipédia basa dhaérah kanthi sesirah WikiTeroka 2.0. Ana limang basa dhaérah ing Indonésia kang mèlu nawung kridha sajroning tantangan iki, yaiku basa Jawa, Minang, Sunda, Banjar, lan Gorontalo.

Jumedhulé tantangan iki kawiwitan saka gorèhing ati manawa akèh basa dhaérah kurang antuk kawigatèn lan wekasané cures. Bab iki nyebabaké lunturing budaya sarta jati dhiri bebrayaning ngaurip. Saliyané kuwi, bebrayaning ngaurip uga lingsem jroning migunakaké basa dhaérah. Mula, WikiTéroka 2.0 sumadhiya kanggo ngundhakaké kasadharan panutur basa dhaérah kanggo nguri-uri basané ing wujud tulisan, sarta mbangun Wikipédia basa dhaérah dimèn samsaya menehi munpangat marang pamaca.

Catatan: Halaman ini merupakan halaman utama kompetisi dalam bahasa Jawa. Silakan klik pada tautan bahasa diatas untuk mengikuti kompetisi dalam bahasa daerah yang ingin Anda ikuti.


Tanggal wigati

  • Pandhaftaran lan urut wektu tantangan
    1 – 30 April 2021
  • Pambijining artikel
    5 April – 7 Mèi 2021
  • Wara-wara pamenang
    Minggu kapapat Mèi 2021

Sambungi panitya

kompetisi@wikimedia.or.id

Bebungah

Bebungah kanggo wong 3 (telu) panggembleng poin paling akèh ing WikiTèroka 2.0 basa Jawa bakal antuk voucer OVO/GOPAY gedhéné:

Rembeng Rp1.000.000, 00 (sayuta rupiah)
Rembeng Rp800.000,00 (wolungatus èwu rupiah)
Rembeng Rp500.000, 00 (limangatus èwu rupiah)

Saliyané voucer, limang panglumpuk poin paling akèh ing basa dhaèrah uga bakal antuk olèh-olèh mirunggan saka Wikimèdia Indonésia.

Angger-angger Umum

  1. Tantangan iki lumaku ing tanggal 1 April - 30 April 2021.
  2. Tantangan asipat individu.
  3. Panjenengan wajib ngugemi kebijakan ruang ramah acara Wikimédia Indonésia.
  4. Warga Negara Indonésia (WNI) lan mapan ing Indonésia.
  5. Paling sithik umur 17 taun nalika tantangan diwiwti (per 1 April 2021).
  6. Panjenengan ora bisa mèlu tantangan iki, manawa:
  7. Manawa Panjenengan nemahi pepalang ing bab tèknis dalasan kawicaksanan, Panjenengan bisa sesambungan kalwan panitya lumantar layang èlèktronik kompetisi(_AT_)wikimedia.or.id. Panjenengan uga bisa maca halaman tanya jawab kanggo sadhéngah pitakonan kang asring ditakonaké.
  8. Panitya wenang kanggo ngendheg partisipasi Panjenengan manawa ngganggu kalancaraning tantangan iki.
  9. Putusan panitya sipaté final lan ora bisa diganggu gugat.

Angger-angger Tèknis

Angger-angger lakucara pambiji

  • Artikel ditulis déning Panjenengan dhéwé (dudu ngembangaké artikel rintisan), kawiwitan saka tanggal 1 April 2021 tabuh 00.00 UTC (07.00 WIB) tekan 30 April 2021 tabuh 23.59 UTC (1 Mei 2021 tabuh 06.59 WIB).
  • Artikel kang wis dibiji isih bisa didandani nganti paling telat tanggal 1 Mèi 2021 tabuh 06.59 WIB. Besutan liya ing artikel sawisé wektu kasebut ora bakal dibiji.
  • Ora oleh japlak.
  • Artikel ditulis manganggo wewaton basa Jawa kang becik lan pener. Gatèkaké tandha waca, aksara miring, cara panulising tembung, lan kapitalisasi.
  • Wajib mènèhi rujukan kang bener saben nambahi isi lan kudu manut angger-angger iki. Manawa migunakaké rujukan saka situs wèb pawarta/mèdia massa, wajib migunakake situs wèb kang duwèni redhaksi kang jelas.
  • Sabèn paragrap wajib duwèni paling sithik 1 rujukan pinitaya.
  • Olèh mertal utawa nerjemahké artikel saka Wikipédia basa Indonésia utawa Inggris.
  • Isi utawa artikel kang ora manut angger-angger ora bakal diétung déning panitya.

Lakucara pambiji

  • Panjenengan kudu nggawé artikel baru kanthi angger-angger:
    • Paling sithik 5.000 bita
    • Paling sithik 2 kapustakan
    • Paling sithik 1 anak sirah, saliyané rujukan/kapustakan/bibliografi
  • Saben artikel kang digawé bakal dibiji adhedhasar topiké, kanthi angger-angger:
    • Artikel kanthi topik bebas bijiné 1 poin.
    • Artikel kanthi topik budaya dhaérah Indonésia bijiné 5 poin.
    • Kabèh artikel wigati non-sains bijiné 5 poin.
    • kabèh artikel wigati kanthi topik sains (alam lan sosial) bijiné 10 poin.

Dhaftar artikel penting bisa dideleng dhaftaré ing kaca iki: List of articles every Wikipedia should have/Expanded

Kanthi angger-angger
  1. List of articles every Wikipedia should have/Expanded/People Ora kalebu ing golongan artikel wigati
  2. Kalebu golongan artikel wigati non-sains:
  3. Kalebu golongan artikel wigati kanthi tema sains

Pamrayoga lan pambecik artikel

Panjenengan bisa antuk tambahan paling akèh 3 poin kanthi mènèhi pamrayoga lan dandani artikel pasarta liya ing kaca pamicaran artikel kasebut. Saben artikel kang diwènèhi pamrayoga bijiné 0,5 poin. Angger-anggeré yaiku:

  • Pasarta wis nggawé paling sithik 6 artikel.
  • Komentar ditulis ing basa Indonésia.
  • Komentar oleh gegayutan karo basa, rujukan, lan isi. Pilihan liya, Panjenengan uga bisa nambahi rujukan lan isi paling sithik 500 bita.
  • Panjenengan ora bakal antuk poin iki yèn ora ngeklaim lumantar pranala ing ngisor iki.

Cara nawung kridha

  1. Daftaraké dhiri lumantar pranala blangko ing dhuwur.
  2. Sumangga nggawé artikel manut angger-angger tantangan lan diklumpukaké lumantar pranala kang wis ana.
  3. Panitya bakal niti priksa lan mbiji artikel kang wis Panjenengan gawé.
  4. Mligi kanggo poin tambahan "komentar lan pambecik artikel", Panjenengan kudu manut angger-angger ing dhuwur, lan ngeklaim lumantar pranala kang wis ana.
Silakan kumpulkan artikel Anda pada pranala berikut:

Basa Jawa Basa Sundha Basa Minangkabau [https://fountain.toolforge.org/editathons/wikiterokabjn/add Pangumuman pamanang Bubuhanya Multi-9 Tech SK9 COM] Basa Hulontalo

Anda dapat memeriksa kiriman Anda pada pranala berikut:

Basa Jawa Basa Sundha Basa Minangkabau Basa Banjar Basa Hulontalo