Stewards/elections 2011-2/Guidelines/jv

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
Kaca punika dados paugeran panganggė ingkang kersa tumut maringi swanten utawi dados calon ing pamilihan steward. Mangga dipunwaos seratan ing ngandhap.

Pamilih[edit]

Sadèrèngipun maringi swanten, panjenengan kedah:

  • kagungan akun ing Meta (wiki punika);
  • kagungan akun global (utawi akun ing Meta kanthi kac apanganggé ingkang kagandhèng dhumateng wiki utami panjenengan, lanlink dhumateng akun meta panjenengan saking kaca panganggé ing wiki utami panjenengan);
  • boten migunakaken akun kasebat kanggé tugas-tugas bot otomatis;
  • sampun kagungan sabotenipun 600 suntingan sadèrèngipun 15 September 2011 (ing satunggal wiki, utawi suntingan ing wiki sanèsipun saged kagabungaken);
  • sampun kagungan sabotenipun 50 suntingan antawis 15 September 2011 lan 15 September 2011 (ing wiki-wiki kasebat ing nginggil, utawi suntingan ing wiki sanèsipun saged kagabungaken).

Panjenengan saged mriksani sacara otomatis saged botenipun maringi swanten.

Penerjemah[edit]

Mangga ngréncangi nerjemahaken kaca punika dhumateng basa panjenengan:

  • pambuka (pérangan nginggil ing kaca pamilihan);
  • kaca punika: pirsani kothak panerjemahan ing sisih tengen;
  • Pratėla calon: pirsani terjemahan ing saben irah-irahan;
  • CentralNotice: pirsani kaca terjemahan.

Pamrayogi dhumateng para ingkang tumut ngregengaken[edit]

  • Panjenengan saged mirsani pitakènan dhumateng para calon ing Stewards/elections 2011-2/Questions.
  • Panjenengan saged nambahaken pratélan ringkes (paling kathah satunggal utawi kalih larik) ingkang nerangaken pamilihan panjenengan. Pacelathon panjang (arupi tanggepan dhumateng pamilih sanès) saged kapindhahaken ing kaca pirembagan, kanthi cathetan supados tiyang sanès sumerep upami badhé madosi. Supados njagi kasopanan lan boten nyerang pribadi. Panganggé ingkang boten njagi tumindakipun saged dipunblok déning pangurus.
  • Amargi sawetawis panganggé sampun mejahi CentralNotice, panjenengan saged maringi informasi dhumateng panganggé sanès ingkang mbokmanawi kersa partisipasi ing pamilihan punika.

Calon[edit]

Sarat[edit]

Mangga dipunwaos kanthi premana SEDAYA tèks ing ngandhap sadèrèngipun panjenengan nyalonaken dhiri. Manawi panjenengan boten ngebaki sarat ing ngandhap panjenengan badhé gugur sacara otomatis.

Sadèrèngipun nyalonaken dhiri, panjenengan kedah:

  • sarujuk badhé ngugemi kawicaksanan ngéngingi aksès steward, aksès checkuser, aksès oversight, lan privasi;
  • kagungan akun global (SUL);
  • kagungan akun panganggé ing Meta wiki punika (kagandhèng dhumateng akun global panjenengan);
  • kagungan akun ing sabotenipun satunggal proyèk Wikimedia Foundation lan sampun aktif paling sakedhik enem wulan;
  • kagungan hak minangka pangurus ing satunggaling proyèk Wikimedia Foundation paling sakedhik salami tigang wulan.

(Panjenengan saged mriksani saged botenipun sacara otomatis.)

Ugi, amargi karya steward saged gadhah konsekuènsi hukum lan tumut (pirsani kawicaksanan checkuser lan oversight), panjenengan kedah:

  • sakedhikipun sampun yuswa 18 taun, lan sakedhikipun kalebet age of majority ing negari panjenengan, sadèrèngipun dinten pungkasan voting;
  • maringi asma pepak lan bukti idhèntitas dhumateng Wikimedia Foundation.

Steward sasagedipun multibasa, sebab pedamelan steward asring nglibataken proyèk-proyèk ing basa werni-werni, nanging punika boten arupi sarat. Para steward sasagedpun kedah gampil kahubungi. Kawicaksanan steward matesi antawisipun, boten nganggé aksèsipun ing proyèk-proyèk ing pundi panjenenganipun aktif kanggé nyegah kaonflik kapentingan, lan dipunsuwun ngawasi lan mbiyantu ing kaca steward request. Para steward saged gabung ing kanal IRC #wikimedia-stewardsconnect ing freenode kanggé mangsuli panyuwunan.

Steward ingkang botenaktif saged kajabel hak aksèsipun.

Aplikasi[edit]

Manawi panjenengann nyalonaken dhiri, mangga nglampahi tumindak ing ngandhap punika.

Damel kaca pratélan lan pamilihan[edit]

  • Damel anak kaca (namung mbikak lan klik simpen / save)

  • Sunting kaca kanthi informasi ing ngandhap:
    • Asma asli panjenengan (boten wajib);
    • Link dhunateng akun panjenengan ing Meta, lan link dhumateng akun aktif sanèsipun ingkang ngebaki prerequisites.
    • Dhaptar basa ingkang panjenengan kuwaosi (nyerat lan maos), migunakaken cekaka ingkang limraj ing Wikimedia, kadosta "fr-3" (pirsani {{user language}}).
    • Ringkesan partisipasi panjenengan ing Wikimedia Foundation. Utaminipun aksès minangka administrator (pagurus) utawi bureaucrat (birokrat), karya sukarila kadosta minangka anggota saking email response team utawi satungaling Arbitration Committee (komité arbitrasi), utawi informasi sanès ingkang magepokan. Panjenengan saged mirsani pratélan calon sanès supados pikantuk idé.
  • Sapunika damel kaca pamilihan panjenengan (boten kedah modhifikasi; namung damel kaca):

  • Manawi sampun rampung, tambahaken asma panjenengan ing statements index page (kanthi {{/YOUR USER NAME}}) lan tambahaken pérangan ing Questions page lan serat anak kaca panjenengan ing elections page kanthi nambahaken tèks punika urut abjad: "{{se2011-2 candidate indexer|YOUR USER NAME}}". Para sukarilawan badhé nerjemahaken pratélan panjenengan ing manéka basa.

Maringi bukti dhiri[edit]