Harassment consultation 2015/jv

From Meta, a Wikimedia project coordination wiki
This page is a translated version of the page Harassment consultation 2015 and the translation is 67% complete.
Outdated translations are marked like this.

Kasus pamloncoan (tembung modèrné bullying) lan kawruh ing tatakrama iku prakara sing dadi sangsaya wigati ing komunitas internet sajroning jaraingan, lan kahanan ing proyèk-proyèk Wikimédia iku ora séjé. Komunitas Wikimédia wis taunan lawasé nggayuh nggolèki solusi kanggo mecahaké masalah iki ing proyèk-proyèk dhéwé-dhéwé, nanging prakara iki sajatiné pangudi sing tansah kudu dilakoni.

Upaya iki sing kapisan saka sawetara upaya sing lagi direncanakaké ngenani topik iki, olèhé mènèhi papan kanggo diskusi, pirembagan, ngutarakaké rasa kaprihatinan, urun rembug lan antarané solusi marang tantangan-tantangan pamloncoan sajroning komunitas-komunitas Wikimédia.

Kepriyé sampéyan bisa mèlu partisipasi?

Papan iki dudu kanggo nglapuraké kasus pamloncoan; beciké yèn ana dilapuraké ing saluran-saluran sing wis ana sajroning proyèké sampéyan dhéwé. Menawa arep urun rembug ngandharaké pangalaman sampéyan, sumangga waé, anggeré kudu anonim. Tulung aja ngarani jeneng-jeneng panganggo liyané. Tulung Friendly Space Expectations digatèkaké menawa sampéyan arep urun rembug panemuné utawa panemuné wong liya.

Sampéyan ana panemu apa ngenani prakara pamloncoan sajroning proyèk-proyèk kita kabèh? Téma sing wigati bisa kalebu:

  • Pamawas ngenani pendekatan sing wis dilakoni saiki sajroning proyèk-proyèk kita kabèh – apa sing éntuk gawé utawa suksès lumaksana, apa sing gagal;
  • Solusi sing mbokmenawa anyar utawa solusi sing wis dimodifikasi utawa pendekatan kanggo mecahaké masalah sajroning proyèk-proyèk kita kabèh.
  • Panemu ngenani pangaribawa utawa pangaruh saka pamloncoan iki, yèn ana, marang proyèk Wikimédia lan para kontributor.

Kabèh panemu sumangga diutaraké bisa dadi bahan rembugan. Kita nduwé pangarep, menawa ing tembé pungkasané, kita bisa padha-padha kumarya nggawé akal sing bisa dienggo saindhening komunitas kita, kanggo ngréwangi nangani masalah iki

Community Advocacy, Wikimedia Foundation

Further reading

Gagasan

Click here to check for new entries